Contoh Teks MC ( Pranata hadicara ) Acara Peringatan Kemerdekaan 17 Agustus

Contoh Teks MC ( Pranata hadicara ) Acara Peringatan Kemerdekaan  17 Agustus 
Sumber : Google

Selamat sore teman teman semua pada kesempatan kali ini saya akan sharing tentang contoh teks MC /pranata hadicara pada acara peringatan kemerdekaan RI yang saat ini sudah mau masuk yang ke 72. langsung saja ya sob.Teks nya agak panjang memang karena memang saya tulis dengan detail biar gak setengah setengah . Mohon maaf bila ada kesalahan ketik .Selamat belajar
Assalmualaikum wr.wb.
Alhamdulillahirabil alamin wabihi nasta’inu ala umuridunya waddin wassholatuwassalamu ala asyrafil anbiyai wal mursalin ,sayyidina wamau lana muhammadin wa ala alihi wasahbihi ajma’in robissyrahli sadri wa ya sirli amri wahlul ‘uqdatammin lisani yaf qahu qahu li ama ba’du .
Sagunging Para Tamu ,ingkang rumiyin monggo2 kita tansah ngunjuakaken raos syukur wonten ngatso dalem Alloh SWT ,Ingkang sampun paring rakhmat ,hidayah saha kasarasan ,sahingga Dinten meniko kita sami rawuh wonten papan puniko ,sedaya manggih kawilujengan .
Sholawat saha salam mugi tansah kasokna dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW,sedaya garwa,putra ,sahabat ,tabiin lan tabiit tabiin ingkang sanget kita antu antu syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah . Mugi mugi kita sedaya kalebeto tiyang ingkang manggih syafatipun .Allohumma amin .
Nyuwun lumunturing pudya pangastawa dumateng ngarsanipun Gusti ingkang babardaya ,pangaribowo ,ingkang Tumanduk dumateng sagung para lenggah katentreman ,kabagaswarasan ,Mugi saged  kasaliro dumateng jeng ngendiko sedaya .
Dumateng ngarsanipun para pepunden sepuh ,saha ingkang di pun sepuhaken ,Ingkang hanggung mas tuti dumateng pepoyaning kautaman.
Dumateng ngarsanipun ibu dukuh ( Ibu Ny.Margini ) ingkang minangka pandoming kulo warga sedaya dusun Karanggede ingkang minulya .
Dumateng ngarsanipun Bp.BPD ,Bp RT Sedusun karanggede ingkang kulo hurmati.
Dumateng ngarsanipun bapak bapak ingkang pancasilarjo ing Budhi .
Mboten kesupen Dumateng Ngarsanipun alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning Gusti ,Ingkang susilo luhuring Budi .
Ugi dateng kadang kulo werda saha taruna ingkang mulat salira sanget kulo tresnani.
Nyuwun Pangapunten mboten ateges ngirangi kamardikan dumateng sedaya lenggah anggenipun sami wawan rembag kanan saha kirinipun ,Keparenga kulo saha Panitia jejer sakwetawis ,Namung mbok bilih anggen kulo ngaturaken runtutaning hadicara tumpang suh Saha katah lepat keporo nyocok dateng penggalihipun sesami lenggah ,keparengo nyuwun lumbering samudra pangatsama ,dumateng dasat kulo .
Pramila saking meniko kulo aturi lenggah ingkang sekeco ngantos dumugi paripurnaning pepanggihan Wekdal dalu meniko anggen kita mengeti dinten kamardikan RI ingkang kaping 72 ,Milo mboten wonten awonipun perlu kulo waosaken menggah runtutan acara pinuwunan saha tirakat dalu meniko .Mugi mugi anggen kita nindaaken pinuwunan saha tirakat saged mahanani para pejuang pejuang ingkang gugur wonten medan peperangan mengsah penjajah, Sagedo di pun ngapunten kalepatanipun saha di tampi anggenipun sowan ngarso dalem Alloh SWT saha di pun paringi papan ingkang sanget ngremenaken .
1.Pambuka
2.Sambutan a)
                   b)
                   c )
3. Waosan Tahlil saha Kalimat Tayibah
4. Sumene ( istirahat )
5. Lain lain
6. Panutup
Mekaten menggah rantamanipun hadicara malam tirakatan saha mengeti dinten kamardikan RI ingkang kaping 72 .

Pepundhen sepuh saha lenggah sedaya mangga2 acara kita wiwiti sesarengan kanthi waosan umul kitab liridho illah wali syafaati rasulillah al fatihah.
Nggeh kanthi waosan al fatihah sakwau mugi mugi rancak / lancar anggen kita sami ndehereki pepanggihan wonten dalu meniko . allohhumma amin.
Ndungkap acara salajengipun inggih meniko ....
Pramila dumateng panjenenganipun bapak/ibu ....wekdal saha pirantosing pangandikan kulo caosaken .

Sanget kulo aturaken agunging matur nuwun mugi2 dumateng bapak/ibu....nampi ganjaran saking ngarso dalem Alloh SWT .
Ndungkap acara salajengipun inggih meniko ....
Ingkang badhe  di pun slirani dumateng panjenenganipun bapak/ibu ....
Pramila dumateng panjenenganipun bapak/ibu ....wekdal saha pirantosing pangandikan kulo caosaken .
Ndungkap acara salajengipun inggih meniko ....
Nyuwun Pangapunten dumateng pepundhen sepuh ,bu dukuh saha para lenggah sedaya ,gegandengan lenggah radi sakwentawis ,meniko adik adik sinoman sampun caos unjukan saha lampiran ,Pramila saking meniko pun unjuk sesarengan kanthi kulo dereaken,monggo waosanipun kulo dhereaken ..bismilahirrahmanirrohim ...
Nyuwun pangapunten para bapak ,para ibu ,mboten ateges ngirangi kamardikan anggenipun ngrahabi unjukan saha lampiran ,acara badhe kulo lajengaken maleh
. Ndungkap acara salajengipun inggih meniko ....
Nyuwun pangapunten dumateng ngarsanipun para pepundhen sepuh saha para lenggah sedaya ingkang mboten saged kulo piji setunggal setunggalipun
Ndungkap acara selajingipun inggih meniko panutup,namung mbok bilih anggen kulo dereaken acara kasebat wonten tumpang suh ipun saha kalepatan mwantu wantu, penjenengan sami kulo aturi jembaraken jaja ,ngluberaken samudra pangatsami ,kanthi andap asor manah kulo saestu nyuwun pangapunten.
Kita tutup sesarengan kanthi waosan hamdallah ...
Ing wasana kanthi panutuping atur wabbilahi taufik ila aqwamithariq
Wasalamualaikum wr.wb.





Comments